rss

Rabu, 25 Desember 2013

[KELUARGA SMPN 254 JAKARTA] Suwuuhhhhhhh rep doto pitono, suwuh iku werdine...

Sri Santosa Clalu Ceria
Sri Santosa Clalu Ceria 25 Desember 22:16
Suwuuhhhhhhh rep doto pitono, suwuh iku werdine sirno, rep kuwi nggih suasono tentrem. Doto kuwi hangesti, pitono kuwi luhur sirno kang memolo mahanani jagad tentrem lamun kito hengesti marang luhuring budoyo, Tuhu meniko we wangsonge sang duto mayang minongko hamiwiti hanggelar wayang purwo . Hanenggiih negari pundi to ingkang minongko prokan carito. Ingkang kaeko Adi doso purwo, Eko marang sawiji, adi luniwih doso sepuluh, purwo wiwitan.Sanajan kathah titah jawoto ingkang kahumpulan angkoso, sinonggo ing pertiwi, kinapiting samudro kathah ingkang sami hanggono laras nanging dhatan kadi negari ingkang kinupit mangke. , Ing mangke datan gumelaring negari Amarto, ingggih negari Indroprasto. Yo projo Cintokopuro, yo sinebat negari Batono kawarso. Mila kasebat Amarto hanggih papane pangasetan, Kasebat Indroprasto labet katentremen negari sampun antuk saproning kaendran. Sinebat Cintokopuro hangggih kedatengan sekar pudhak awasto Batono kawarso mengko werdi papan wengkon ilen ilen toya jawah. Oooooooooooonnnnnnnnnnnnnnnngggggggggggg.
Panjang: dawa pocapané, punjung: luhur kawibawané, pasir: samodra, wukir: gunung. Negara ngungkuraké pagunungan, nengenaké pasabinan, ngéringaké pategalan, ngayunaké bandaran gedhé. Loh: tulus kang sarwa tinandur, jinawi: murah ingkang tinuku. Gemah: lampahing para nangkodha surya-ratri datan ana pedhoté, labet datan ana sangsayaning dedalan. Aripah: janma manca ingkang samya bebara jejel apipit aben cukit tepung taritis, papan wiyar katingal rupak saking harjaning praja. Ingon-ingon kebo sapi pitik iwèn datan ana cinancangan, yèn ta rina padha aglar ing pangonan, yèn ta wanci surup surya mulih marang kandhangé dhéwé-dhéwé.ooooooooooooooonnnnnggggggggggggggggggg

Lihat Kiriman Ini di Facebook · Sunting Pengaturan Email · Balas email ini untuk menambahkan komentar.

0 komentar:

Buku Tamu


ShoutMix chat widget

Arsip

Kategori

Daftar Blog Saya

Link Berita

  • Firefox 7.0 Lebih Ringan - Update terbaru dari Mozilla yaitu menghadirkan Firefox 7.0. Mozilla mengatakan versi teranyar ini akan lebih ringan mengkonsumsi memori dari versi sebelum...
    12 tahun yang lalu